Republik Bagong

Republik Bagong
Oleh : Ahmad Syubbanudin Alwy
Sawise telungpuluh taun urip kaya mati disembur banaspati
getih bari banyumata kang gerememeng umeb ning segara ati
ngatonaken dedhemit lawas: wong-wong duwur pencilakan
wot-wot kreteg rayat reyot digejog-gejog cemera, kaing-kaingan
jegoge mbobok srengenge lapis pitu, mecah terowongane mata
sewu raksasa kemaruk mbeseti sededeg-sepengadeg mahkota
dalan-dalan kobong, kabeh werna kelebet lembayung bolong-bolong
jagat kaya mabok, gedong pemerentahan magrong-magrong dibopong

Hei, aja klalen aja kelawasen ira kabeh dadi lelembut wong kapiran
sing sejero sumur leng semut geni, suwara rayat bakal njerit ngelawan

Urip wis beli puguh: sengkuni, petruk, cakil, dorna lan kumbakarna
pada dadi topeng kunyuk, kukuluruk nampeki pipi rayat kang ngresula
njejaluk bari nggegayang lading, sikile nyerimpung, tangane nggunting
ngeramped jerowan, njambak rambut, ndondomi cangkeme kang sumbing
naleni ati kang geseng-rumpeng diungkebi wangwa, bobad lan sakwasangka
cengkeromed lan lenggarangan, mbladak-mbaladak mbobol lawang negara
edan separan-paran waras sekejap metra, pengeling-eling kaya obor blarak
kabeh persis jaran lumping, muter-muter kaya kemidi, kaya nginum arak

Hei, aja kadiran aja cengengesan ira kabeh dadi sesambat atie rayat
sing bunbune bayi kang masi suci, bakal ngerangseg wong sejagat

Sawise urip telungpuluh taun kaya rungseb dicukuli suket alang-alang
sekujur awak growak ngowak-ngawik, bumi lindu, srengenge njomplang
awit segara kang bengkah dadi gili naga, sukma sewaya-waya kaya ara-ara
bocah-bocah enom tawuran duwur wuwungan, nyengget layar dermaga
wakil rayate pada sampyong, sempoyongan nyembur-nyembur ngelindur
beli kelingan purwadaksina, kekirig ndeleng awe-awe tangan batur sedulur
nggelosor ning sorog-sorog gedong pemerentahan, nggegulat kaya rerawat
maesi raine dhewek, dadi wewe-gombel lan merkayangan edan keparat

Ayo, aja wedi aja cilik ati ning lelembut kang kudu dikumbah sumur pitu
ayo, tirakat-tetapa nguleni pikiran, ngopeni batin lan aja klalen: nggosok untu!

Cherbon, 2001
Oleh : MasJoko
Photo : Bunga Mawar


Mohon maaf bila ada salah kata atau ucapan dalam penulisan kami ......

Untuk melihat kegiatan kegiatan TBM LENTERA HATI  lihat saja  DI SINI ya ..........
Untuk melihat puisi - puisi lainnya silahkan klik DI SINI
Untuk membaca cerita atau cerpen silahkan klik DI SINI
Untuk download Software,Game,atau Video tingggal klik DI SINI
Bagi yang suka baca berita seputar Indramayu silahkan klik DI SINI
Untuk yang suka membaca Novel DI SINI

Terima Kasih sudah mengunjngi Blog kami TBM LENTERA HATI
Kami tunggu Kritik dan Sarannya  !!!
**
Untuk teman teman yang mempunyai cerpen, puisi, novel, dan lainnya juka ingin di publish di sini silahkan kirim file nya ke email : tbm.lenterahati@gmail.com

Post a Comment

Previous Post Next Post

Contact Form